Selamat pak Fajar Sop San, bukune rika wis nylorot (launching), hehe
Sapa sing ora kenal pak Fajar Sop San, beliau niku tukang nggambar, musisi,seniman sing karyane wis akeh sing kenal. Terutama lagu2ne sing bisa gawe bungah,ngguyu, lan gawe geget. Lagune Sop San akeh sing dhemen, kaya “Gentawil Gek”, “Rock n Roll Banyumasan”,”My Love Tarwen” lan lia2ne.
Kie fotone pak Fajar karo buku pertamane, judule “Banyumase Inyong”, kumpulan geguritan sing bisa menghibur tapi uga akeh pesan morale. Eh, jerene nek tuku bukune olih bonus VCD Tembang Bocah Banyumasan sing dinyanyikna Sopsan karo “KUSEN” All Star. Lagu-lagune sing judule Mendhowan Banyumas, Baturaden lan lia liane bener2 bisa gawe tambah mongkog dadi wong Banyumas.
Regane jebule ora larang, 40ewu wis olih buku karo VCD. Mbok ana sing minat bisa menghubungi penerbite langsung, Satria Indra Prasta, utawa sms mawon maring nomer 081229092844. Maturnuwun.
Tekterusna midangetaken lagune beliau disit, sing judule My Love Tarwen, hehe..“Mbekayu Tarwen neng peken dodol molen, selengen-lengen. Mbekayu Tarwen ngantek inyong beleken, inyong tetep demen”